53 Contoh Geguritan Bahasa Jawa tema Pendidikan dan Lingkungan

Contoh geguritan Bahasa Jawa – Bersumber dari Wikipedia, geguritan berasal dari Bahasa Jawa Tengah, dengan kata dasar gurit, yang berarti “tatahan” atau dalam bahasa Indonesia “coretan”, geguritan merupakan bentuk puisi yang berkembang di kalangan penutur Bahasa Jawa dan Bali.

Geguritan berkembang dari tembang, sehingga dikenal beberapa bentuk geguritan yang berbeda. Dalam bentuk yang awal, geguritan berwujud nyanyian yang memiliki sajak tertentu. Di Bali berkembang bentuk geguritan semacam ini. Pengertian geguritan di Jawa telah berkembang menjadi sinonim dengan puisi bebas, yaitu puisi yang tidak mengikatkan diri pada aturan metrum, sajak, serta lagu.

Pengertian geguritan dalam Bahasa Jawa:

Ing basa Jawa, geguritan yaiku puisi jawa gagrag anyar kang basané cekak, mentes, éndah lan ora kaiket dening sawijining paugerahan tertamtu.

Ciri-Ciri Geguritan

Ciri-ciri geguritan antara lain:

  1. Ora kawengku ing pathokan (Tidak terikat dengan aturan sastra)
  2. Migunakake tembung-tembung pilihan (menggunakan kata-kata bahasa jawa pilihan)
  3. Cacahe larikan ora katemtokake (Jumlah baris tidak ditentukan)
  4. Dudu basa padinan (Tidak menggunakan bahasa jawa yang biasa dipakai sehari-hari)
  5. Arang- arang migunakake tembung pangiket (Jarang menggunakan kata-kata yang baku)
  6. Sawetara nggunakake tembung kawi (Kebanyakan menggunakan kata-kata bahasa jawa kuno)
  7. Isine mentes (Isinya mengandung makna)
  8. Trakadhang nggunakake purwakanthi basa, swara, lan sastra (Terkadang menggunakan keteraturan bahasa, suara dan sastra)

Contoh Geguritan dan Artinya

Tuladha geguritan kanthi sulih Basa Indonesia (Contoh geguritan Bahasa Jawa dan artinya dalam Bahasa Indonesia):

Bahasa Jawa:

Ratmaya Celathu
Nalika rahayu lan basuki prapta
Lan esem bali ngriya muka
Ora ana maneh panggonan kanggo tetesing waspa
Karana kabeh kaya mijil ing pratama
Kudu tansah eling lan waspada
Sebab cakra manggilingan kuwi wus dadi lakuning ndonya
Kabeh mung sak derma nglakoni marganing Allah Swt
Nalika rubeda lan cilaka tumeka
Kudu tansah sabar lan ndedonga
Uga aja mandheg ngupaya kebak ing karya
Supaya sakkabehing reridu lan sambekala
Isa ndang sirna mukswa
Sebab donga lan upaya karya kuwi marga utama
Kanggo tumedhaking sih saka Allah Swt.

Terjemahan bebas Bahasa Indonesia :

Saat kebahagiaan hadir
Dan senyum di wajah kembali terukir
Tak ada sisa lagi buat nadir
Karena semua seolah kembali lahir
Harus selalu ingat dan waspada
Sebab pemeo roda pedati telah menjadi marga dunia
Semua hanya menjalani kehendak Allah Swt
Ketika goncangan dan celaka tiba
Harus selalu sabar dan berdoa
Juga jangan berhenti berupaya selalu penuh usaha
Supaya seluruh dukana dan gulita nestapa
Bisa segera lenyap sirna
Sebab doa dan upaya selalu berkarya itu jalan utama
Untuk hadirnya pahala dan ridho Allah Swt.

Geguritan Bahasa Jawa Singkat

Di bawah ini adalah beberapa geguritan Bahasa Jawa singkat:

Ing Tengah Wengi

Yen ing tengah wengi
Hana angin kang semliwer
Mandheng bulan purnama sidhi
Ati tan saya ayem
Kelingan kanikmatan gusthi
Seng tanpa wathes paring kawelas asih marang makhluk
Sembah ipun amung pasrah.

Sliramu

Sinawang saka netramu
Ana rasa kang kebak pitakonan
Yagene slira musnah sajroning werdi
Rinasa ing sajroning tyas
Ana rasa wuyung kang tansah ngrembuyung
Tanpa kuwawa bisa antuk jampi.

Wiji

Trubus kang ginadhang
Isih dadi anteb bombonging tekad
Nora ruruh sanajan sinenggut
Mosak-masiking sindhung riwut.

Trisatya dadya mustikaning ubaya
Keket ginegem tan samar pamore
Praja Mudha Karana
Sayekti.

Baca juga:  14 Kata Kata Pernikahan, Mutiara Inspirasi Calon Pengantin

Wis Mumur

Grimis wengi iki gowo atis
Cahyaning lintang ilang, kalingan mendung
Peteng dhedhet
Jumbuh karo crita tresnaku
Surem…tanpa cahya
Anyep tanpa rasa
Kejiret cidra,dirante kahanan
Maju tatu,mundur ajur
Kandheg, mandheg, kwaku
Merga wis mumur.

Geguritan Pahlawan

Berikut beberapa contoh geguritan Bahasa Jawa dengan tema pahlawan dan nasionalisme:

Kamardikan

Awit manunggaling bangsa
Gusti paring barokah
Uwal nagri saking kompeni
Sumingkir penjajah kita bungah
Tumetes waspa kita mardika
Ujud syukur mring Maha Luhur
Sayuk rukun bagya raharja.

Puji syukur mring Gusti
Rohmat katampi kita sami
Ora lali syukur tumus ati
Kanthi konjem permati
Lestari nagri edi peni
Akarya subur ibu pertiwi
Makmur bangsa kita neki
Anjoging kawula bisa nyawiji
Sinengkuyung para kiyai
Ilang balak saha cubriya sesami.

Indahing bumi nuswantara
Nedahaken bangsa bisa kuncara
Darbe rasa prasaja tindaknya
Ora kumalungkun mring sasama
Nuhoni watak kang utama
Eling kita mung sakderma
Sombong kasingkirna
Iku laku wajib tinuladha
Ajer tutur tumindak mulya.

Mituhu dhawuhe winasis
Eling mring Maha Kuwasa
Rohmat tumprap kita
Dadya bangsa raharja
Elok sinawang netra
Kaiket suh Pancasila
Alloh tansah ridho.

Waspa Saka Bangsa

Lilakna aku mara nggawa
Tembang-tembang rasa
Kang ginuritku ing angkasa
Supaya atiku kathon lega.

Guritku mung gurit sumende
Tansah njojoh jiwa ing kene
Ojo thok gawe lara
Ben dadi pamikire kanca.

Linambaran waspa kang dadi
Ubeling panandang angga
Ameruhi lukning jantra bangsa
Kang wus ngancik ing luwih saka 50 warsa.

Dina-dina mung kebak warta
Kang gawe ringkihe bangsa
Kabeh pada sulaya
Ngrebut menang pamikiran.

Dina iki layange angin
Paweh kabar sing digawa
Maling malaing nagri
Wus nguntal jiwa bumi pertiwi.

Warta wingi
Kabuka saka kaca televisi
Anane suwarga kang butuh nyawa
Saka nom-nomane negara.

Taun sadurunge
Wis lahire luh saka naetra
Patine bocah-bocah prawan
Kauntal para muda kang nandang pedofilia.

Sawangen ing kana
Gendara abang putih
Sing gawa getih lan balunge rama
Saiki wus kajuwing-juwing.

Kijing-Kjing Tuwa

Nalika sejarah
Amung dadi kijing-kijng tua
Donya kadya ubenge jarum jam
Kabeh mung padha lelakone.

Lan nalika wektu
Kanggo ngubur mangsa sing wus kelakon
Bakal isih ana carita rerintih
Sing dadi pasugatan saben dina.

Sejarah….
Dudu awujud barang
Sejarah ….
Kahanan kang kaguang.

Sejarah….
Ora amung kasimpen
Kanggo kembul bujanane zaman
Kang wus using lan diguang. Ojo!

Sejarah…
Kudu kaceritak ake
Marang bocah-bocah enom
Snajan tho kalane ono waspa
Lan uga ing otak kang ala.

Mangsa sing wus katata
Mbutuhke panyapa saka wektu
Kanggo ngawruhke lan nyinauni putu-putu
Saupaya nora tumindak kang padha.

Ojo nganti kijing-kijing tua
Atis ing tanah kang cengkar
Kong lan tintrim ing kahanan.

Mbok menawa sekat-sekat kang anyep
Bakal kagiles canggah-canggah kang rumangsa
Rapete sekat-sekat carita gawe mrinding
Lan ojo nganti ana rasa berontak otake.

Lan ojo mbok gawe si juru kunci
Dewe kesepian tanpa sing ngampiri
Kanggo ngajak piknik ing zaman semana
Amarga thuthuke pingin nembang gurit-gurit lawas.

Kijing-kijing tua
Isih anteng tanpa guna
Sansaya suwe sansaya nambah gulungane
Kanthi cari kang padha ngandut luh lan waspane.

Geguritan Ibu

Simak beberapa contoh geguritan Bahasa Jawa tentang ibu di bawah ini:

Bapa Biyungku

Urip…
Ora mung saderma nglakoni
Nanging tetep kudu mbudidaya
Najan rumaket ing wangine badeg
Tanpa kapetung ing nyawa
Mung supaya bocah-bocah cukup.

Saka mletheking surya
Jumangkah suku kanthi tatag
Luaku ing sadawane dalan
Tumeka lingisire bagaskara.

Tan rinasa
Lungkrahe raga
Tan ginawa
Tumurune kringet lan waspa

Mbudi daya ing pangupayan
Nyukupi butuh pautra-putrine
Najan tho
Ameng-ameng ing bebaya.

Abote
Kasangga
Rekasane dirasake dewe
Mung kanggo bunge putra.

Ing gegambaran wewayangane
Bisaa meruhi kekudangane ati
Mbesuke mukti tiba mburine
Najan piyambake ora bisa melu ngrasake.

Bapa…
Biyung…
Matur nuwun
Sing bisa ndak aturke
Ing ukaraku kang rinakit iki.

Baca juga:  110 Ucapan Selamat Ulang Tahun untuk Pacar, Sahabat, dan Keluarga

Geguritan Tema Lingkungan

Di bawah merupakan contoh geguritan Bahasa Jawa tema lingkungan dan contoh geguritan Bahasa Jawa tentang alam:

Wengi

Sunare sang bagaskara wanci ngadepke surup
Katan branang warna lembayung
Katan endah yen sinawang
Kanti esem sumringah sang bagaskoro bali marang paturone.
Nganti nganti dina candake saperlu madangi jagat roya.

Wengi…
Tanpa sunar…
Peteng tanpa lintang
Kanti ati kebak miris
Sikil jumangkah metu ing latar.

Tak sawang…
Lintang rembulan katutup mega
Mega klawu kanti guya guyu nuduhke pangusane
Yen lintang rembulan rinengkuh tan bisa uwal
Jagat peteng nora kwasa opo opo.

Tintrim…
Atis…
Anggegirisi…
Alon aku lumebu
Ing batin aku mung bisa ngucap
Muga kahanan wengi iki bisoa gumanti parak esuk kang edi peni.

Malem Selasa Kliwon

Malem selasa kilwon
Kang gawa sakehe pitakon
Ing jagad tanpa payon
Para manungsa padha sesingitan.

Wengi iki tintrim
Wengi kang sepi
Angin kelangan laku
Kabeh kewan bisu.

Mendung sore mau, ilang
Kanthi gawa rintik-rintik,bubar
Hawa donya,kadya mulate dahana
Panas lan sumpeg ing jiwa.

Malem selasa kliwon
Apa bener, demit klayaban ?
Saenggo manungsa delik ing jero senthong
Supaya ora kadustho wewe gombel lan butho.

Malem selasa kliwon
Wengi kang tanpa rowang
Tanpa kanca, kanggo mbabar esem
Amung kathon peteng.

Rembulan Tipis

Repepeh repepeh wus lumarap aneng tepine langit mangsa ketiga
Sang sitoresmi cemlurit ngabiyantara sedeku tumungkul konjem ing pertiwi
Sunare kebak pratandha rangu anggembol wadi kang kawekas
Lirih luruh ngarih arih angrerintih pocapane kasangkut pager wesi bebetenge rasa.

Wewadhul marang angin kang uga wus kalepyan ing janji
Amung pengin takon ana ngendi dununge prasapa kang wus tinali bakal dumadi
Napas-napas pangajab tansah ngesuk ing pambudi supaya anglari rakitane pradondi
Apa isih kudu semaya yen ta rembulan ndadari wus kapecak telung candra tanpa kandha.

Rembulan tipis ngempet tangis aneng kikising rasa kang wus kinalungan kalpika.

Geguritan Tema Pendidikan

Kalau kamu mencari contoh geguritan Bahasa Jawa tema pendidikan atau geguritan Bahasa Jawa tentang guru, kami berikan beberapa contohnya di bawah ini:

Guruku Oborku

Kadya ron garing
Kumleyang kabur kanginan
Ing jagat peteng lelimengan.

Krasa luwih abot
Anggonku ngadhepi dina-dina ing ngarep
Mlakuku ora mantep.

Kagubet ribet lan ruwet
Adoh saka cahyamu
Pedhut ing sakindering pandulu
Panjenengan.

Guruku, sihku, oborku
Kancanana sukmaku sinau bab katresnan sajroning ati.

Panguwasa Lacut

Ilang siji mbaka siji kaendahan bangsaku
Rasa mikul dhuwur mendem jero kaya dianggep ora cocok maneh
Yen rumangsa bener lan pener coba madheg dadi panguwasa
Seneng banget ngobral surasa kang kebak apatis
Iki negarane sapa?
Iki bangsane apa?
Yagene obral omongan ala
Yagene kaya wes paling akeh bektine marang negarane
Yagene mung bisa ngumbar surasa basa nanging ora bisa paring solusi.

Hyang Baskara

Banyu telaga akinclong-kinclong
Kataman cahyaning Hyang Baskara
Sliwering manuk kang golek ijon
Kumelap angrengga pesawangan
Nanging sawuse surup srengenge
Gambar ing telaga ilang musna
Peteng sepi samun ing wengi.
Padhang-petenge atining manungsa
Abang birune gumantung karsane Gusti.

Getun Geduwung

Getun
Pancene mapan ing mburi
Tumindak sadengahe nglakoni urip
Nemu bilahi, ngemu rubedhaning lelakon
Kudu tinampa kanthi legawa.

Getun
Ojo kanggo gawe paitan
Nggresula mecaki urip
Ananging dadi sranane
Mawas diri pribadi
Anambah ngabekti mring ywang Widhi
Supaya enggal luar saka bebaya
Lan antuk pangapuran saka kersane.

Getun
Ora kanggo mungkasi urip
Sing wis diparinge Gusti
Lan luwoh ngati-ati anggone
Lumaku sajeroning jagat
Dimen ora tuwuh keduwung ing urip.

Tirakatan

Jare tirakat
Lho
Kok malah pada remi
Lho
Pojok kono remi
Lho
Sisih kono dangdutan
Lho, wiraneme
Malah ngedep botolan
Aku malah bingung
Apa yo tiraka kui
Nek ngendikane simbah..
Jare prihatin
Manekung marang Gusti
Nyepi selo rame
Yoo yooo
Tak tinggal, nyngkir wae.

Geguritan Katresnan

Di bawah ini merupakan contoh geguritan Bahasa Jawa tentang cinta:

Dhuh Kluwungku

Ginurit ing nglangute rasa
Kapang kang tumungkul ing telenging ati
Ngrembaka sangsaya gedhe
Sumrambah ing ati lan driya

Yagene kudu ana kowe ing ati iki
Yagene kowe gawe crita ing rasa
Yagene kudu ana kowe sing bisa nglaras tembang endah sajroning atiku
Ngukir sayuta tembung tresna kebak impen

Dhuh kluwungku
Kapang iki mung kanggo sliramu
Dhuh kluwungku donga pujiku tansah kanggomu
Kluwung endah yen dinulu
Nanging kluwung ora bisa diduweni

Ginurit ing tengahing ratri
Nalika rasa kapang kaya ngenteni tetesing tirta wening ing mangsa ketiga
Nalika wewayanganmu sansaya burem kadya pedhut
Ngranggeh impen kang ginantung ing awang
Mokal bisa kawujud dadi kasunyatan
Dinulu ing pangrasa
Kaukir ing sajroning tyas
Gending wuyung ngrembuyung kalaras kebak rasa
Donga puji kanggo sliramu muga ana kluwung sajroning atiku lan atimu.

Baca juga:  26 Kata Kata Jomblo: Lucu, Keren Berkelas, dan Jomblo Galau

Ing Pucuking Kangenku

Pasuryanmu
Isih ana ing wektuku
Kang nyisake abu-abuning karep
Ngluwihi isi jeroning mustakaku

Sliramu tanpa rasa peparing esem
Sing ngiket ing pangangen otakku

Wus nate ndak coba ngumbah ati
Kanti sakehing warna-warna panguripan
Supaya jiwaku tetep anteng
Lan tentrem kebak nur cahyaning pepadhang

Duh, nimas pepujanku
Sumingkira saka telenge khalbuku
Sliramu wus lumebu
Ing pucuking kabagian lan braimu

Tinggalen aku ing kene
Kanggo ngetung saben wektu napasku
Tumekane sore kang ana

Lan kamar-kamar sing ndak gawe
Kanggo nglakoni uripku
Wis ben ambruk, tanpa guna
Nganti sliramu mangerteni jisimku
Kang kagubel ing pengarep kang semu.

Titip Rasa

Nalika rasa ati kaya ana sing ilang
Nalika sliramu lali ing janji
Tak tunggu nganti angslupe bagaskara
Makaping-makaping nganthi lali ngitung
Apa tenan lali apa sedya nglali
Lungiting rasa wuyung kaya ratri tanpa kartika
Gendewa tyasing rasa kudu sumendhe ana telenging yekti
Nalika gurit mung bisa ginurit tanpa maknaa
Kaya kuwi critane urip iki tanpa tresnamu
Kagawa ombak sliramu oncat saka rasaning driya
Nalika kudu pasrah lan sumarah marang titahing Gusti
Najan rasa tresna yen durung pestine mokal bisa ketemu
Lir ing raras swarane ratri
Sun titipke rasa iki marang kelipe kartika
Sun gantung ing bagaskara, kebak pangarep-arep
Kapan kowe eling marang janjimu.

Asmoro Kang Sinanding

Ing jerone ati iki ono kangen
Kangen kang sumimpen
Yo mung sliramu kang tansah ngreridhu
Rina kalawan dalu

Katresnan iki mung bisa tak rasakne
Nanging ora bisa sun ketokne
Tak simpen ing pojoking ati
Nganti tumeko titi wanci

Asmoro iki mung kanggomu
Mugo ing tembe bisa nyawiji
Dadi siji nganti kaki nini
Kanti antuk berkaing Yang Widhi.

Demikian beberapa contoh geguritan Bahasa Jawa yang bisa kamu baca dan pelajari. Ada istilah yang mengatakan bahwa di zaman sekarang wong jawa ilang jawane. Maka diharapkan dengan tulisan geguritan Bahasa Jawa singkat ini ikut membantu melestarikan budaya dan kesusasteraan Jawa.